Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Ingkang kula kurmati Kepala SMP Negeri 1 Cluring
Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kula bekteni
Bapak Ibu panguji Ujian Praktek ingkang satuhu Kinabekten
Saha para rencang, Siswa-siswi ingkang kula tresnani

Minangka purwakaning atur, sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha Kuwasa ingkang kepareng rahmat lan hidayahipun, kita sedhaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing babagyan salebetipun pengetan dinten Kartini punika.

Ing wekdal samenika, kula badhe ngaturaken babagan pangetan dinten Kartini.

Pangetan dinten Kartini dipangeti tanggal 21 April. Pangetan dinten Kartini punika wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal punika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita mboten saged dipuremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

          Minangka pungkasaning atur, sumangga para wanita Indonesia saged nglajengaken gegayuhan lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia.

          Wusana cekap semanten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sedaya kekirangan lan kelepatan kula.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.



0 komentar:

Posting Komentar

About this blog

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Tentangku

Followers

Blogroll

About

Blogger templates

Blogger news

Free Website templateswww.seodesign.usFree Flash TemplatesRiad In FezFree joomla templatesAgence Web MarocMusic Videos OnlineFree Wordpress Themes Templatesfreethemes4all.comFree Blog TemplatesLast NewsFree CMS TemplatesFree CSS TemplatesSoccer Videos OnlineFree Wordpress ThemesFree Web Templates